May 31, 2012

#suroboyo719

SELAMAT ULANG TAUUUUN GAWE KUTHOKU SENG TERCINTA!!
SELAMAT ULANG TAUN SUROBOYOOO!

Masio aku sak iki gak urip nang suroboyo, tapi aku lahir nang suroboyo jeh \m/
Aku buangga lahir nang suroboyo, asli suroboyo, dadi arek suroboyo!
Mugo-mugo suroboyo tetep terus-terusan ayem tentrem lan gak onok musibah. Amin.
Mugo-mugo suroboyo maju terus! Kalahno negoro seng jenenge Inggris iku =DD hahaha
Ojok salah rek, Inggris duwe kamus, suroboyo yo duwe kamus wah "c*k!" hahaha =D

31 Mei, dino iki, ulang taune suroboyo bro, lek ulang taunku 16 mei =D haha wes lewat
Aku pualing cinta karo bulan mei.
Soale aku ulang taun =D haha
Selain iku, bulan mei iku tanggal kelahirane kutho kelahiranku =DD hahaha
Wes mulai tanggal 1mei pas iko, suroboyo wes akeh ngadakno even-even, diskonan gede-gedean, akeh mangan-mangan gratis, wingi KBS gratis, dino iki THR gratis, mall-mall podo murah-murah kabeh!
Wes pokok e gak bakal nyesel lek mlaku-mlaku nang suroboyo opo maneh pas bulan mei!
Sayange aku sak iki urip nang sidoarjo ._. dadi gak isok koyok biyen puas mlaku-mlaku nang suroboyo
Tapi gak popo, seng penting POTRET WAJAH suroboyo iku gak isok terganti, masio aku sak iki wes pindah nang sidoarjo, dan seng penting, aku lahir nang suroboyo, ibuk bapakku adekku mbahku kabeh yo ASLIsuroboyo, akta lahirku tulisane yo suroboyo, aku suroboyo tulen =DD hahaha

Bingung iki kate ngomong opo maneh, wes aku gak kakean cangkem, seng jelas, aku buangga dadi arek suroboyo!
AKU AREK SUROBOYO! #suroboyo719

Iki lho rek, tak screen capture tweets @aslisuroboyo







ini isi dari link yang tank block biru di gambar sebelumnya

No comments: